Halaman

Waktu menunjukkan

Pencarian

Sabtu, 06 Maret 2010

Basiyo Tuku Pring (Basiyo Membeli Bambu)

Ing sawijing dina, Basiyo mlaku-mlaku menyang pasar ing Jogja arep tuku pring.
(Suatu hari, Basiyo berjalan-jalan ke sebuah pasar di Jogja hendak membeli bambu.)

Basiyo marani salah sijining bakul pring ning kono, arep tuku pringe.
(Basiyo menghampiri salah seorang pedagang disana, hendak membeli bambunya.)

Basiyo (B): Kang, iki pringe kok apik men, piro regane?
(Basiyo (B): Kang, ini bambunya bagus sekali, berapa harganya?)

Bakul Pring (BP): Niki sak grobak namung gangsal atus mawon Pak, kula dugekke dugi griya
(Penjual Bambu (BP): Satu grobak ini cuma lima ratus saja Pak, saya antar sampai rumah)

B: Tenan iki ora nambah? Aku ora ngenyang yo. Panjalukmu limang atus sak grobak, wis diterke tekan ngomah. Iki tak bayar limang atus.
(B: Benar ini tidak nambah? Aku tidak menawar ya. Permintaanmu lima ratus satu grobak, sudah diantar sampai rumah. Ini saya bayar lima ratus.)

BP: Saestu pak, gangsal atus mawon sak pas. Pun, kantun ditengga ting griya mawon, mangke kula dugekaken pringipun.
(BP: Sungguh Pak, pas lima ratus saja. Sudah, tinggal ditunggu di rumah saja, nanti saya antar bambunya.)

B: Yo wis nek ngono, tak entenni ning ngomah.
(B: Ya sudah kalau begitu, saya tunggu di rumah)

BP: Lha griyanipun ting pundi to pak?
(BP: Lha rumahnya di mana Pak?)

B: Omahku ning Madiun, wis gelis diterke mrono pringe
(B: Rumahku di Madiun, lekas bambunya diantar ke sana.)

BP: Lha kok tebih sanget to pak, nggih mboten saged mekaten ....
(BP: Lha kok jauh banget pak, ya nggak bisa begitu ....)

B: Lha kowe ki piye to, panjalukmu rak pring regane limang atus sak grobak, mbok terke tekan ngomah. Tak tuku limang atus sak grobak, ora ngenyang. Karang omahku ning Madiun, ya kowe kudu ngeterke tekan kono to, wong wis tak bayar sak panjalukmu.
(B: Kamu ini bagaimana sih, permintaanmu kan bambu seharga lima ratus segrobak, diantar sampai rumah. Saya beli lima ratus segrobak, tidak menawar. Lantaran rumahku di Madiun, ya harus kamu kirim sampai sana, saya kan sudah bayar sesuai permintaanmu.)

BP: @#%^##@%
(BP: @#%^##@%)

photo courtesy: http://www.antarajateng.com/publik/1543730093Bambu101209.jpg

Tidak ada komentar:

Posting Komentar